|

Lirik Lagu Jawa Tengah

Written By. Admin on 27 Oktober 2009 | 23.51.00

YEN ING TAWANG ONO LINTANG

Yen ing tawang ono lintang, cah ayu
aku ngenteni tekamu
Marang mego ing angkoso, nimas…
Sun takokne pawartamu

Janji janji aku iling, cah ayu
Sumedot rasaning ati
Linang lintang ngiwi iwi, nimas
Tresnaku sundul ing ati

Dek sakmono janjimu disekseni
Mego kartiko kairing
Raso tresno asih
Rungokno tangis ing ati
Ginarung swaraning ratri, nimas
Ngenteni mbulan ndadari


ANTING ANTING

ting anting ‘mbang cempoko
tondo moto soko seliramu
ting anting tondo tresno
lahir bathin sineksih lintange wluku

ling eling dek semono
rembulane ketutupan mego
gawe kekesing ati
nganti anti tekane radyan permadi (si jantung hati)

[reff: 2x]
anting-anting dhek kembang cempoko
woheing aren mbokyo eling dhok semono
emprit gantil menclok ning witing pari
tansih gumantil ono njero ning ati

ting anting ‘mbang cempoko
tondo moto ugo tanda tresno
ling eling dek semono
yen ra nyandhing rasane ning ati gelo


ESEMU

suwe ora ketemu, cah ayu gawe kangening atiku
taksuwun rinten lan dalu pamujiku manggiha rahayu
lha piye genah-genahe, yo kene takanti-anti kabare
ora esuk ora sore mung kelingan sak solah bawane

reff:
nadyan mung krungu swarane
apa maneh yen nyawang eseme
bebasan segara madu kalah manis..
sing manis pancen esemmu

iba bungahing ati, cah manis
antuk nugrahaning gusti
ora mung jroning impenku
bisa nyanding sliramu, cah ayu


GETHUK

sore-sore padang bulan
ayo konco podo dolanan
rene-rene bebarengan
rame-rame e..do gegojegan

kae-kae rembulane
yen disawang kok ngawe-awe
koyo-koyo ngelingake
konco kabeh ojo turu sore-sore

Reff:
gethuk, asale soko telo
moto ngantuk, iku tambane opo? ach ach..
halah getuk asale soko telo
yen ra petuk atine rodo gelo
jo ngono mas ojo-ojo ngono
kadung janji mas aku mengko gelo


KANGEN

pitung sasi lawase nggonku ngenteni
mung sliramu wong bagus kang dadi ati
rino wengi mung tansah tak impi-impi
jroning ati kangenku setengah mati

jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali
ngelingono rikolo jaman semono
sliramu janji aku setio ngenteni
lahir batin tersnaku terusing ati

Reff:
kangen!… wong kangen ngene ngene rasane
rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu
kangen!… wong kangen opo opo tambane
rindu-rindu tambane kudu ketemu

klopo mudo enake kanggo rujakan
leganono aku kang nandang kasmaran
mbalung janur wong bagus tak anti-anti
mosa janji wong kangen ndang entuk jampi


OJO LAMIS

ojo sok gampang janji wong manis
yen to amung lamis
becik aluwung prasojo nimas ora agawe cuwo

tansah ngugemi tresnamu wingi
jebul amung lamis
koyo ngenteni thukuling jamur ing mongso ketigo

aku iki prasasat loro tan antuk jampi mbok ojo
amung lamis kang uwis dadine banjur didis

akeh tulodo kang demen cidro
uripe rekoso
milih sawiji ngendi kang suci tanggung biso mukti
Share :
Comments
0 Comments

0 komentar:

Posting Komentar

 
© Copyright Indo Poster 2012 | Published by Borneo Templates | Support Creating Website | Powered by Blogger.com.